Penulis : Sabariman, S.Pd.I (Guru Al-Qur'an Hadis MA Darul Ulum Muhammadiyah Galur, Kulon Progo)
Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokaatuh
Alhamdulillah Alhamdulillahi Robbal ‘aalamiin
Washolatu wassalamu’ala asrofil ambiyaa’i wal Mursalin, Sayyidina Muhammadin
wa’ala alihi wa ashkhabihi ajma’iin, amma ba’du
Bapak /ibu guru ingkeng estu estu kula ta’dzimi soho dumateng konco- konco ingkeng kito tresnani., Alhamdulillah semonggo kito tansah sami ngunjuk aken raos puji soho roso syukur kito dumateng Allah SWT. Injih kanti nikmatipun Alkhamdulillah , wonten ing kesempatan ingkeng sae puniko kulo lan panjenengan sedoyo saget nyawiji ing pawiyatan enjing puniko.
Sholawat soho salam mugi tansah kunjuk dumateng
nabi agung Muhammad SAW. mugi- mugi saget lumeber dumateng keluargonipun,
dating poro sahabatipunlan saget lumeber dumateng sedotyo umatipun
Nyuwun pangapunten dumateng sederek sedoyo
wonten ing wekdal sae puniko kito bade ngaturaken tema pidato injih puniko “mensyukuri
nikmat kamardikan ingkeng kaping 80”
Saestu Allah SWT sampun ngendiko ing Al Qur’an
surat Ibrahi ayat pitu:
لَئِن شَكَرۡتُمۡ لَأَزِيدَنَّكُمۡۖ وَلَئِن كَفَرۡتُمۡ إِنَّ
عَذَابِي لَشَدِيدٞ ٧
Ingkeng artosipun
lan naliko siro saget syukur dateng ingsun milo
ingsunbade nambahkesaenanipun anamgingmenawi sirokufurmbotensyukursaestu
azdabinsun estu estunggegirisi
Poro bapak / ibu guru soho sederek sederek konco kulo sedoyo wonten ing ayat meniko Allah paring penjelasan kados pundi menawi negri kito bade adem ayem tentrem toto titi tentrem loh jinawi soho kadosto ingkeng sampun aturaken teng ayat puniko kito sedoyo kedah dados hambanipun Allahingkeng saget tansah syukurlan nigari nggih semanten ugi menawi bade estu estu saget nggayuh kemerdikan ingkeng mberkahi milo kunci ingkeng kedahipun tindakaken kedah masyarakat utawi bongso puniko saget nindakaken syukur dumateng Allah SWT.
Milo kados pundi kito saget nglestantunaken
kesaenan ingkeng pun warisakenporo pemimpin lajeng kaping kaleh nglanjutaken
pembangunan meniko saget berkelanjutan lan kaping tigo pemimpin ingkeng tansah
mensyukuri nikmat.
Cekap semanten ingkeng saget kulo aturaken
dumateng bapa / ibu guru sedoyo kalian rencang- rencang sedoyo katah lepat
nyuwun agunging pangapunten
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi wa barokatuuh